Para Pandhawa Lima (basa Sansekreta: Pañca Pāṇḍava) iku Prabu Yudhistira, Bima, Arjuna, Nakula, lan Sadewa.
Lima paraga iki turunane Prabu Pandhu kang dadi raja ing Astina. Pandhu
disepata dening dewa bakal mati yen saresmi karo garwane. Pandhu nerjang
wewaler lan banjur mati. Dewi Madrim, garwane, melu belapati, kamangka
nalika iku lagi nggarbini. Nalika suduk salira iku lair Nakula lan
Sadewa kang kembar. Dene Yudhistira, Bima, lan Arjuna lair seka Dewi
Kunti. Sadurunge karo Pandhu, Dewi Kunthi nate nglairake bayi kang
banjur diwenehi jeneng Suryatmaja.
Pandhawa dadi satru Kurawa ing Bharatayudha. Dene, Suryatmaja melu Kurawa nglawan sedulur-sedulure dhewe.
Pandhawa, ing budaya Jawa, mlebu wong-wong kang kudu diruwat. Yen ora diruwat bakal dipangan Bathara Kala.
1.Yudhistira
Jeneng Yudhistira, ing crita Jawa, asline dianggo dening raja jin ing
alas Mertani. Ing lakon Babad Alas Mertani, Pandhawa kasil ngalahake
jin-jin ing alas kuwi. Yudhistira manjing ana ing ragane Puntadewa,
pembarepe Pandhawa. Jeneng Yudhistira luwih kondhang dienggo dening
Puntadewa kang banjur dadi raja ing Amarta, Indraprasta, iya
Cintakapura, utawa Batanakawarsa, sing tilas alas Mertani.
Ing Mahabharata, Yudhistira (utawa tinulis Yudisthira) iku ya Puntadewa
dhewe. Dheweke lair saka bun-bunan Dewi Kunti, mula saka iku dijenengi
Puntadewa kang tegese punjering kaluhuran. Yudhistira dhewe maknane raja
prajurit. Ing Mahabharata, Pandhawa duwe bojo kang padha, yaiku Dewi
Drupadhi (poliandri). Nanging ing wayang, Drupadhi iku bojone Puntadewa.
Seka jejodhoan iki nuwuhake Pancawala.
Ing padhalangan, Puntadewa iku putra pembarepe Prabu Pandhu Dewanata
(ratu Astina) lan Dewi Kunthi. Dasanamane, Yudhistira, Darmakusuma,
Darmaputra, Darmaraja, Darmawangsa, Wijakangka(Dwijakangka),
Gunatalikrama,Samiaji, lan Sang Ajathasatru. Miturut layang
Mahabharata,salugune Puntadewa putrane Bathara Dharma, dewane keadilan,
srana Bathara Dharma manunggalake rasane karo Dewi Kunthi kang mateg
dayane aji Adityahredaya (yen miturut padhalangan “mateg aji
Panggendaming dewa” kang aran Puntawekasing Rasa Tunggal Sabda tanpa
Lawanan). Rehne bab mau rinasa kurang trep ing bebrayan Jawa, mula
dening para pujangga kita banjur diowahi, di jumbuhake laro tuntunan
budaya Jawa lan kapribaden Jawa kang isine yane peputra ora karo bojone
dhewe kuwi klebu tumindak sing nistha. Mulane ing crita padhalangan,
Puntadewa iku putrane Prabu pandu, ratu ing Astina (Ngastina) lan Dewi
Kunthi, dene Bathara Dharma kuwi dadi bapa angkate, kang uga banjur
manitis ana anggane untadewa. Mula saka iku, Puntadewa uga sinebut
Darmakusuma. Garwa prameswarine Prabu Puntadewa iku mung siji, Dewi
Drupadi, putrine Prabu Drupada, ratu ing negara Pancala iya Cempala.
Karo Dewi Drupadi banjur peputra siji aran Pancawala.
Ing versi Mahabharata India, Yudhistira pinter olah kaprajuritan lan
gagah nalika perang. Yudhistira iku artine raja prajurit. Nanging ing
crita Jawa, Yudhistira iya Puntadewa iku kondhang kadidene titah ludira
seta. Kang mengkono mau kagawa saka watake sing jujur, salawase urip ora
gelem dhora (ngapusi. Dhemen tetulung kepara apa sing didarbeki yen
dijaluk wong liya diwenehake. Mula Puntadewa uga kondhang sinebut
manungsa lega donya lila ing pati.
Minangka tuladha, ing lakon Indrajala Maling (lakon carangan), Prabu
Puntadewa ditembung dijaluk patine kanggo numbali wewalak ing negara
Buluketiga. Sang Prabu ya manut. Dhirine dipasrahake. Ngenani wewatakane
paraga siji iki, oncek-oncekane utawa anggone ndudah kudu permati. Awit
akeh bab-babe sing rasane angel ditrapake ing sajroning penguripane
wong sawantah.
Ing lakon Baratayuda, Prabu Puntadewa tetep nglenggahi watake sing ora
gelem ngapusi. nalika Pandhita Durna madeg senopati agung, kabeh
Pandhawa rumangsa bingung. Sebab, dikaya ngapaa wae Pandhita Durna kuwi
gurune Pandhawa. Apa hiya murid arep wani marang gurune ?
Untung Prabu Kresna ora kurang iguh pertikele. Terus sing didhawuhi
ngadhepi Pandhita Durna iku putra Pancala, Raden Dhresthajumena. Kresna
mung dhawuh marang Werkudara supaya merjaya gajah titihane senopati
pengampinmg (Prabu Prameya) kang aran Gajah Esthitama. Sawise gajah
kelakon mati dikepruk gada Rujakpolo, kabeh wadya Pandhawa banjur
kadhawuhan alok yen Esthitama mati. Pamirenge Pandhita Durna sing mati
mau Aswatama. Mula Pandhita Durna banjur nglumpruk otot bebayune, kaya
wis kelangan daya. Kanthi ati sing bingung, urna banjur takon
mrana-mrene, kalebu marang para panakawan, marang Werkudara, arjuna,
Nakula, sadewa, lan sapitutrute. Kabeh anggone mangsuli padha gelem
dhora yen Aswatama pancen mati. Durna akhire takon marang Puntadewa.
bareng ditakoni kaya mengkonmo mau mesthi wae Sang Prabu bingung banget,
mosok arep goroh ?
Dibisiki karo Prabu Kresna yen kala-kala wong kena goroh
sethitik-sethitik ora apa-apa, nanging Puntadewa tetep puguh ora gelem
goroh. Kresna golek cara liya, supaya anggone matur marang Durna nalika
ngucapake tembung ësthi”sing lirih banget wae, dene anggone ngucapake
tembung “tama”sing cukup sero.
Tenan, diucapake dening Prabu Puntadewa ngono kuwi. Saka pangrungune
Pandhita Durna, Aswatama mati, mula Durna banjur nglumpruk ing sangarepe
Puntadewa, ning Sang Prabu banjur digandheng Kresna sumingkir saka
papan kono. Karimijen tanpa daya, Durna ketekan Dhresthajumena kang wis
kepanjingan yitmane Prabu Ekalaya iya Palgunadi kang pingin males ukum.
Kanthi pedang ligan, Pandhita Durna ditigas janggane, satemah pralaya.
Prabu Puntadewa sing sabar tur banget lila-legawa pambegane iku tau
diapusi Kurawa lumantar Patih Sengkuni srana kasukan main dadu kanthi
totohane negara. Satemah para Pandhawa sakadang kudu gelem nglakoni dadi
wong buangan ing alas suwene 12 taun. Ing pakeliran pusakane kang
asring dadi kembang lambe dhalang yaiku Jimat Kalimasada Pustaka Jamus.
Ana uga Payung Kyai Tunggulnaga lan tombak tumbak Kyai Karawelang, lan
sangsangan robyong (tilarane Prabu Yudhistira, ratu Mertani) kang
dayane, menawa Puntadewa nesu lan astane nganthi nyeggol kalung iki,
sanalika sarirane salin wujud dadi brahala utawa buta kang gedhene
sagunung anakan kanthu kulit putih kang apraceka Dewa Amral iya Dewa
Mambang.
Ing pungkasaning crita, Puntadewa munggah swarga bareng karo
sedulur-sedulure. Puntadewa bareng karo asune moksa sing pungkasan.
Tinimbang Pandhawa liyane, raja iki luwih resik atine. Ora kumalungkung,
ora sok kuwasa, jujur, lan ngugemi agama kanthi ngati-ati.
Ing sorga, Puntadewa ora trima amarga sedulur-sedulure padha mlebu
neraka. Dheweke njaluk supaya melu mlebu neraka. Kamangka, para Kurawa
malah enak-enak ana surga. Jebul kuwi mung sawetara. Pandhawa kudu
nglebur dosa dhisik sawetara banjur mlebu surga. Dene Kurawa bisa
ngrasaake endahing surga amarga ana sawetara kabecikan, nanging ora
akeh. Sawise Kurawa ngrasakake sorga banjur dilebokake ana ing neraka.
2.Bima
Bima utawa kang luwih kaloka kanthi jeneng Werkudara iku putrané Prabu
Pandhu Déwanata (ratu Ngastina) lan Dèwi Kunthi Talibrata kang nomer
loro. Sedhuluré kabèh cacahé ana lima kang banjur sinebut Pandhawa. Mula
Bima iya banjur sinebut satriya Panenggak Pandhawa.
Miturut Kitab Mahabharata, Bima (Bhima) dilairaké wujud bayi lumrah.
Lair saka guwa garbané Dèwi Kunthi. Ramané bebisik Bathara Bayu,
déwaning angin. Kacarita, sawijining ésuk Dèwi Kunthi ngenggar-enggar
penggalih laro nggendhong Bhima sing isih bayi. Dumadakan ana macan saka
suwaliking grumbul. Awit saking kageté, Bhima mrucut saka gendhongan,
tiba ing sadhuwuré watu gilang sing gedhéné sasirah gajah. Anèhé dudu
sirahé Bhima sing pecah, nanging malah watuné sing ajur mumur. Bhima
gereng-gereng nangis nggolèki ibuné. Krungu tangisé Bhima iki, macan
sing mauné arep mbadhog (mangsa) bayi Bhima malah gila, satemah mlayu
sipat kuping.
Miturut crita pedhalangan, Bima (Werkudara) dilairaké wujud bungkus.
Jaman isih cilik urip ing Astina, nanging sakwisé ditundhung déning
Korawa, Bima lan sedulur-seduluré dibuwang lang pungkasané bisa babat
Alas Mertani. Dhèwèké banjur urip ing kesatriyan
Jodhipati/Unggulpawenang.
Bojone telu (gagrag Jogjakarta), yaiku :
Dèwi Nagagini, nduwé anak jenengé Antareja.
Dèwi Arimbi, nduwé anak jenengé Gathotkaca.
Dèwi Urangayu, nduwé anak jenengé Antasena.
Anak-anaké Bima iki asring dadi pralambang prejurit. Antareja bisa
ambles bumi, kang njaga dharatan. Gatotkaca bisa mabur, kang njaga
awang-awang. Antasena bisa ambles bumi lan urip ing banyu, kang njaga
laut.
Bima uga klebu dadi salah sijiné warga Bayu kang cacahé ana wolu, yakuwi
Bathara bayu dhéwé, Anoman, Liman Situbandha, Garudha Mahambira, Sarpa
Nagakuwara, Gunung Maenaka, lan Ditya Jajawreka. Bima utawa Werkudara
uga klebu dadi putrané Bathara Bayu, mula banjur sinebut Bayuputra iya
bayu Tanaya kang tegesé anak Bayu (déwaning angin).
Aji-ajiné aran aji bandhungbadawasa, Blabag Pangantol-antol lan Wungkal
bener. Gegamané kang kondhang yaiku Gada Rujakpolo lan kuku Pancanaka.
Bima ora gelem basa karo sapa waé, kejaba nalika ing lakon Bima
Suci/Nawaruci. Ing lakon iki Bima ketemu karo Déwa Ruci. Wujudé Déwa
Ruci kaya déné Bima. Déwa iki metu seka kupingé lan ngandhani Bima
perkara filsafat urip.
Ing pungkasan crita wayang, Bima muksa bareng karo Pandhawa liyané nuju swargaloka.
Dasanamane Bimo
Bayusuta : putrané Bathara Bayu
Ballawa : gedhé dhuwur
Bratasena : keturunan Barata kang prakosa
Bhima : ngédab-édabi (Mahabharata)
Birawa : gedhé lan medèni
Dandunwacana: teguh
Nagata : nyata
Kowara : kondhang
Sena : prakosa
Werkodara/Werkudara
Wijasena
Pandhusiwi.
Kusumayuda
Kusumadilaga
Gandhawastratmaja
3.Arjuna
Arjuna iku menawa miturut crita padhalangan, putra Prabu Pandhudéwanata,
ratu Astina, klawan Dèwi Kunthi sing nomer telu. Mula saka kuwi, Arjuna
banjur sinebut satriya “Panengah Pandhawa”.
Sedhuluré nunggal rama lan ibu ana loro, yaiku Puntadéwa (Yudhistira)
lan Werkudara (Bima). Déné, sedulur nunggal rama séjé ibu ana loro,
yakuwi Nakula (Pinten) lan Sadewa (Tangsen). Kabèh putrané Pandhu iku
disebut Pandhawa, saka linggané tembung Pandhu lan Hawa kang tegesé
anak. Dadi cethané tembung Pandhawa iku tegesé anak Pandhu. Déné yèn
miturut layang Mahabharata, Arjuna iku saluguné putrané Bathara Indra
kang miyos saka Dèwi Kunthi srana Dèwi Kunthi mateg aji panggendhaming
déwa aran Adityahredaya (miturut Mahabharata) utawa aji Punta wekasing
Rasa Tunggal Sabda tanpa lawanan (miturut pedhalangan) paringané Resi
Druwasa. Mula Arjuna uga sesilih Indratanaya kang tegesé putrané Bathara
Indra. Kasatriyané Arjuna ana ing Madukara, patihé asma Surata (patih
Rata).
Garwané Arjuna pirang-pirang, kabèh putri éndahing warna (ayu-ayu). Ana
anak ratu, anak pandhita, anak déwa, anak taksaka (ula), lan sapituruté.
Putrané uga pirang-pirang turta bagus-bagus, umpamané :
Dèwi Sumbadra, peputra Abimanyu
Dèwi Larasati/Rarasati, peputra Sumitra lan Brantalaras.
Dèwi Srikandhi.
Dèwi Ulupi/Palupi, Irawan
Dèwi Jimambang,anaké Begawan Wilwuk.\/Wilawuk ing pertapan Pringcendhani peputra Kumaladéwa lan Kumalasekti.
Dèwi Manuhara, anaké Begawan Sidanggana ing Andhongsekhar peputra Pregiwa lan Pregiwati
Dèwi Dresanala,putrané Bathara Brama, peputra Wisanggeni.
Dèwi Wilutama, peputra Bambang Wilugangga.
Bathari Supraba, putriné Bathara Indra, peputra Bambang Prabakusuma.
Dèwi Ratri (atmajané Prabu Yudhistira ing negara Mertani), peputra Bambang Wijanarka.
Ana salah sijining wanita kang ditresnani Arjuna nanging malah dadi
garwané wayang liya, yaiku Dèwi Banowati. Nanging sawisé rampung
Bharatayudha, Banowati bisa dadi siji karo Arjuna, ora kétung mung
sewengi.
Satemené bojo (garwa) lan anak akèh iku minangka gegambaran yèn Arjuna
dhemen gawé lelabuhan becik (sing dipralambangaké kadidéné putri
sulistya). Mula undhuh-undhuhané uga kabecikan sing akèh
(dipralambangaké anaké pirang-pirang bagus-bagus lan ayu-ayu). Yèn sing
ditindhakaké iku pakarti ala, asilé mesthi uga ala.
Arjuna wis naté mbangunaké tapa lan madheg pendhita ing Gua Mintaraga
kang dumunung ing puncaké gunung Indrakila, kanthi peparab Begawan
Ciptaning iya Mintaraga. Arjuna uga tau dadi ratu ing kahyangan
Tinjomaya (ngratoni para widodara-widodari) suwéné 7 dina, kanthi
jejuluk Prabu Karitin/Kariti iya Wilikithi. Anggoné jumeneng nata ing
Tenjomaya amarga Arjuna wis gawé lelabuhan becik marang para déwa kanthi
nyirnakaké kraman kang ngrabasa ing kahyangan yakuwi Prabu
Niwatakawaca, ratu buta saka negara Manik Ima-Imantaka.
Ing Bharatayudha, Arjuna perang tandhing mungsuh Adipati Karna. Abot
rasané ati, merga dhèwèké adu arep karo sedulur tuwa nunggal ibu séjé
bapa. Nanging rasa mangu-mangu iki bisa diilangaké déning Prabu Bathara
Kresna. Arjuna banjur maju ing palagan tandhing lawan seduluré sing
diajeni. Wusanané Adipati Karna gugur ana sajroning paprangan. Ing
perang baratayuda uga, Arjuna kèlangan kabèh putra-putrané. Nanging
putuné, Parikesit, dadi raja ing Astina. Sawisé perang, Arjuna pindhah
dadi raja ing Buwanakeling, kang mauné dadi kratoné Jayadrata. Ing
bubaran perang uga, kabèh bojoné dipatèni déning Aswatama. Uripé Arjuna
rampung bareng karo Pandhawa liyané munggah menyang kahyangan laku liwat
Himalaya.
Dasanamane Arjuna
Janaka
Kiritin/Walikithi
Parta
Pritaputra
Permadi/Pamade
Dananjaya
Kumbalyali (ing padhalangan asring disebut Kumbang Ali-Ali)
Ciptaning Mintaraga (ing lakon Begawan Ciptaning)
Pandusiwi/Pandhuputra
Indratanaya
Jahnawi
Palguna
Danasmara
Margana
Gudhakesa
Wibatsuh
Kandhi Wrahatnala (nalika nylamur laku dadi banci)
Aji-ajine Arjuna
Palimunan/panglimunan = bisa ngilang.
Tunggengmaya = bisa gawé banyu.
Sepiangin = bisa mlaku tanpa napak lemah banteré pindha angin.
Mlayabumi = bisa ngalahké mungsuh.
Pengasihan/sempaliputri = disenengi wong akèh.
Asmaragama/kamasutra = ngèlmu saresmi.
Gamane Arjuna
Pecut Kyai Pamuk
Panah Pasopati
Panah Harya Sangkali
Panah Ardhadehali/Hrudhadhedali
Ali-ali Mustika Ampal
Trompet Dewadata
Keris Pulanggeni
Brahmasira/Agniyastra
Panah Merdaging
Panah Mercujiwa
Sarotama
Keris Kyai Kalanadhah
Busur Kyai Gendhewa
Wandané wayang Arjuna ana lima, yakuwi wanda Jimat (anggitané Panembahan
Senopati lan Sultan Agung Hanyakrakusuma),wanda Kanyut, wanda Kinanthi,
lan wanda Malat. Yèn wayang Arjuna gagrak Yogyakarta wandané ana telu,
yakuwi wanda Janggleng (rai lan awak kuning/prada) kanggo adegan
paseban, sedhih; wanda Yudhasmara (sunggingan rai lan awak kuning,
kanggo adegan roman (percintaan); lan wanda Kinanthi (sunggingan rai
ireng awak kuning kanggo adegan sawisé metu saka kedhaton utawa kanggo
perang).
4.Nakula
Nakula iku sawijining paraga Mahabharata. Nakula artine ‘’bisa nguwasabi
awake dhewe’’. Ing pedhalangan, nalika isih enom Nakula nganggo jeneng
Pinten. Pinten iku sejatine jeneng tanduran kang godhonge bisa kanggo
obat. Kaya jenenge, Nakula lantip ing obat-obatan amarga tinitisan
Batara Aswi , dewane tabib. Satriya iki salah sijine Pandhawa lan nduwe
kembaran kang jenenge Sadewa. Beda karo Yudhistira, Werkudara, lan
Janaka, Nakula lan Sadewa iki lair seka Dewi Madrim. Nalika Pandhu
palastra, Dewi Madrim bela pati lan kembar iki lair seka wetenge kang
suwek dening keris.
Raden Nakula kuwi satriya kembar kemanikan. Sedulur kembare aran Raden
Sadewa iya Sahadewa. Sekarone putrane nata ing Astina, Prabu
Pandhudewanata, lan mijil saka garwa Dewi Madrim, kadang enome Raden
narasoma iya Prabu Salya nata ing Mandaraka.Ing Mahabharata, Nakula
artine ‘’bisa nguwasabi awake dhewe’’. Ing pedhalangan, nalika isih
padha cilik-cilik, Nakula kuwi arane Pinten, lan kembarane Sadewa aran
Tangsen. Pinten iku sejatine jeneng tandhuran kanmg godhonge bisa kanggo
obat, Kaya jenenge, Nakula lan sadewa lantip ing babagan obat-obatan
amraga satriya sakloron kuwi titise dewa kembar, Bathara Aswan lan
Aswin, dewane tabib. Satriya sakembaran iku klebu sedulur nunggal rama
seje ibu yen karo Prabu Puntadewa, Werkudara lan Arjuna. Lan satriya
lima kasebut kawentar kanthi aran Pandhawa. Kekarone setya lan bekti
banget marang para kadhang sepuhe, senadyan seje ibu. Prabu Puntadewa,
Werkudara, lan Arjuna mijil saka ibu Dewi Kunthi.
Nalika dumadine perang baratayuda, Prabu salya melu Kurawa. Siji mbaka
siji senopati Kurawa padha gugur. Nganthi Prabu Salya piyambak sabanjure
nyarirani pribadi dadi senopati agung. Jalaran Prabu salya iku iya isih
marasepuhe Prabu Duryudana, nata Astina. Nalika mireng yen kang madeg
senopati agung Prabu salya, para Pandhawa padha bingung. nanging botohe
Pandhawa sing sugih pratikel, Prabu Kresna banjur dhawuh marang Nakula
lan Sadewa supaya marak ing ngarsane Prabu salya, api-api nyuwun
dipateni wae. Mesthi wae Prabu Salya ora mentala mateni perunane kuwi.
Malah banjur atine rumangsa keranta-ranta merga kelingan amarng adhine
(Dewi Madrimm) kang wis sedha bela pati marang Pandhu lan ninggali bayi
kembar kang isih abang, yakuwi Pinten lan tangsen iku. Mung merga saka
beciking pakartine Dewi Kunthi, bayi kembar kuwi nadyan dudu putrane
dhewe tetep digula wentah kanthi kebak rasa tresna asih tanprabedha karo
anake dhewe.
Jroning bathine, satemene Prabu salya luwih tresna lan abot marang para
Pandhawa kuwi ketimbang marang mantune. Lan saliyane trenyuh bareng
ndeleng Nakula-Sadewa, Prabu Salya uga banjur kelingan marang
marasepuhe, Begawan Bagaspati sing sedane merga saka pakartine Sang
Prabu Salya duk isih enome. Sang Begawan nalika sedane ninggal suwara
yen babak nagih janji lumantar ratu kang kasinungan ludira seta, sing
ora liya Prabu Puntadewa.
Mula Salya banjur paring dhawuh marang nakula-Sedewa supaya bali, lan
meling supaya sing methuake yudane, Prabu Puntadewa. Temenan, bareng
tempuking yuda, Prabu Salya nglilakae patine nalika adu arep karo Prabu
Puntadewa. Aji-ajine aran Chandabirawa ora kuwan nyedhaki Prabu
Puntadewa lan banjur ilang musna. Prabu Salya akhire sedha disawat
pusaka Jamus kalimasada. Kasatriyane Nakula kuwi ing Sawojajar, dene
Sadewa ing Paweratalun. Garwane nakula kekasih Dewi Srengginiwati kang
banjur peputra Dewi Sri Tanjung. Dene Sadewa nggarwa Dewi Srenggini kang
sateruse peputra Bambang Widapeksa (Suwidapaksa). Dewi Srengganawati
lan Srenggini iku putrane Sang Hyang Badawanganala, dewane bulus, ing
Narmada Wailu. Ing lakon Sudamala utawa Durga Ruwat, dicritakake yen
akhire sawise klakon ngruwat Bathari Durga, Nakula-Sadewa palakrama
anthuk Endhang Suka lan Pradapa, kekarone putrine Resi Tambrapetha saka
pratapan Prangalas. Kekarone banjur peputra Raden Saluwita, Pramusinta
lan Pramuwati. Yen pinuju pisowanan ing Amarta lungguhe Nakula Sadewa
ngapit ingkang raka Prabu Puntadewa lan kekarone padha ngapurancang.
5.Sadewa
Sadewa utawa Sahadewa iku sawijining paraga wiracarita Mahabharata.
Nalika cilik jenenge Tangsen. Dheweke salah sijining Pandhawa. Tangsen
iki jenenge wit-witan kang godhonge bisa digawe obat. Kaya dene sedulur
kembare, Nakula, Satriya kang manggon ing Bumiretawu iki kondhang amarga
lantip ing prekara obat-obatan. Wiwit isih bayi, Nakula lan Sadewa wis
dadi bocah lola, tanpa rama-ibu. Satriya iki tinitisan Bathara Aswin,
dewane tabib kang kembar karo Bathara Aswi. Bareng karo Nakula, Sadewa
tansah ngiring Yudhistira ing kraton Amarta. Ing sawetara crita wayang,
Sadewa lantip ing sasmita. Umpama Kresna ora ana, Sadewa kang sulih
golek upaya. Nalika mboyong Dewi Srengginiwati seka Gisiksamodra, Sadewa
kang bisa mbabar sayembara ngenani “sejatining lanang, sejatining
wadon.” Jejodhoan iki nurunke putra Widapaksa utawa Sidapaksa.
Ing lakon liyane, Sudamala, Sadewa kang bisa ngruwat Bathari Uma bali
maneh dadi ayu. Ing versi India, Sahadeva iku pinter pedhang. Ing
Bharatayudha, Sahadeva kang bisa ngalahake lan mateni Shakuni (ing Jawa
dadi Sangkuni). Ing crita pedhalangan, Sangkuni dipateni dening Bima.
Ing lakon “Babad Alas Mretani” Sadewa entuk aji Purnamajadi seka Ditya
Sapulebu. Aji iki bisa gawe wong sing nduwe eling apa wae kang wis
kelakon lan ngerti apa kang kedaden.